Sabtu, 27-04-2024
  • Selamat Datang Di SMAN 8 Yogyakarta, The Inspiring School Of Jogja

Mangayubagya Pengetan Ambal Warsa Ngayogyakarta

Diterbitkan : - Kategori : Tak Berkategori

Pengetan dina dumadine Daerah Istimewa Yogyakarta kaping 269 kanthi maneka warna. Dina dumadine DIY kaping 269 kapener ing Rabu Pahing, 13 Maret 2024. Setda DIY ngadani pengetan dina dumadi Ngayogyakarta kanthi malam tirakatan lan mbiwarake underaning pengetan kanthi unen-unen “Maju Sejahtera Berkelanjutan Dijiwai Kebudayaan dan Keistimewaan”. Pangangkah pengetan iki njaga kearifan lokal, budaya tansah lumaku, lan kaistimewaan daerah minangka sarana nggayuh kamulyan kang tansah ngrembaka ing wektu-wektu candhake. Pengetan iki uga duwe panjangka supaya nglestarekake budaya Ngayogyakarta. Kapener dina pengetan warga kadhawuhan nganggo busana gagrag Ngayogyakarta.

Pengetan dina dumadi Ngayogyakarta tahun iki bebarengan bocah sekolah preinan sasi Ramadhan 1445 H. Saperangan murid kang mlebu sekolah nganggo busana gagrag Ngayogyakarta uga batik kanthi sumringah. Semana uga guru lan karyawan tansah nyengkuyung. Dina Rustiningsih, M,Pd, guru Kimia SMA Negeri 8 Yogyakarta mratelakake pengetan kanti busana gagrag Nyayogyakarta ndadeake kahanan sekolah tambah regeng. “Kawiwitan lumebu minangka guru ing Ngayogyakarta dadi tambah tresna budaya daerah amarga kerep nganggo nalika makarya,” pratelane Bu Dina. Biyen nalika isih mulang ing njaban rangkah Ngayogyakarta nganggo busana daerah kaping pindho setahun, imbuhe sinambi nyritakake nalika dadi guru ing Banjarmasin.

Karyawan SMA Negeri 8 Ngayogyakarta uga nyengkuyung pengetan dina dumadi Ngayogyakarta amarga nambah rasa mongkog lan bombong minangka warga. Aristi Amalia R, laboran Kimia senajan asale saka Kutha Jakarta nanging rumangsa melu handarbeni budaya busana daerah iki. “Dhisik nalika isih kuliah ing Kutha Ngayogyakarta saben-saben weruh warga nganggo busana daerah ing panggraitane iku pengetan dina Kartini,” kandhane Aristi Amalia R sinambi mesem. Vinta Anggraeni pegawai perpustakaan uga ngandharake menawa wis kulina nalika biyen dadi siswa. “Rikala dadi siswa wis kulina nganggo busana gagrag Ngayogyakarta nganti saiki makarya dadi tambah gumregah grengseng melu nguri-uri budaya,” ujare Vinta ing pelataran sekolah. Guru, karyawan lan siswa ngregengake pengetan ambal warsa Ngayogyakarta kanthi kirab budaya ing dina Kemis kepungkur.

Kontributor : =AJ=

0 Komentar

Beri Komentar

Balasan